Sabtu, 01 Desember 2012

Pangandikan Atur Pambagyoharjo Tampi lamaran



Bismilahirrohmanirrohin
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alhamdulillah alhamdulillahirobbil alamin ........

Mugi tinebihno saking tulak-sarik sarto bebenduning pangeran ingkang moho agung, jalaran kulo kumowantun jumejer wonten ngajeng tuwin iring handiko , sarto nggempil kamardikan pangandikan handiko sami, kang datan nyuwun idi palilah langkung rumiyin.
Nun-injih mradopo awit saking keparengipun bopo ingkang hamangku gati, diri pribadi kulo ingkang kinen matur pinongko sulihing rogo sinambeting atur , hangaturaken pambagyo yuwono awit rawuh jengandiko sami.
Namung sakderengipun kulo njangkepi atur,  sumonggo handiko sami kulo derekaen hangaturaken puji pangalembono panyuwun miwah panuwun wonten ngarsa dalem Alloh, ingkang tansah paring Rohmat, Hidayah, sarto Inayah-ipun, sahinggo kepareng mbabar doyo pangaribowo ingkang agung tumanduk dateng kito sami, kacihno ing ri-kalenggahan puniko, kito taksih dipun keparengaken kempal manunggal, bandhol krompol ing papapn mriki, sami wawan pangandikan kaliyan poro pepundhen dalah kadang mitro waruju kanthi  kebak ing raos kabingahan .
Poro tamu ingkang luhuring budi, Panjenenganipun Bopo..... ing kalenggahan puniki prasasat linobong ing manah ingkang dahat suko amarwoto suto, dene hangawuningani yento  poro tamu kakung miwah putri  wus kepaeng lenggah satoto pepak sinarojo, ndadosaken raos kang keronto ronto, satemah datan wonten pangandikan kang kawijiling lesan, pramilo lumantar kawulo, kepareng matur wonten ngarsanipun

Panjenengan poro Pepunden, poro pinisepuh, ingkang Hanggung mestuti dateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi.
Panjenenganipun Poro purnokaryo saklebeting projo, ingkang satuhu pantes nampi pakurmatan saking poro kawulo dasih, ingkang satuhu dahat kinabekten.
Panjenenganipun poro pangemban - pangembating projo, soho poro priyogung  ingkang sampun pono-ing pamawas tuwin lebdo ing pitutur sarto luhuring budi, ingkang dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Poro pangarsaning agami poro alim-ulomo ingkang rinten pantaran ratri tansah sumanding kitabing wahyu Illahi pinongko keblating panembah jati, ingkang sinudarsono.   
Sandyan sampun randat kepareng kulo hangaturaken kasugengan awit rawuh jengandiko ing pahargyan puniki, sinartan atur panuwun kang tanpo pepindhan, dene jengandiko wus kepareng nglonggaraken wekdal soho dangan ing penggalih, hanjenengi pahargyan ing ri kalenggahan puniki. Pramilo mbok bilih tumanggap kulo dateng rawuh jengandiko, kawiwitan saking poro kadang hamong tamu ingkang kirang manis eseme, kirang grapyak mboten Ateges sengguh namung amergi kirang wanuh, anggenkulo nyawisaken palenggahan mboten tumoto jalaran  kirang kawruh, lan mbok bilih samangke anggen kulo caos pasehagahan ingkang arupi unjukan mboten manis  amergi kirang juruh, sarto daharan kang datan miraos amergi kirang lawuh, sarto lumadosing pasugatan ingkang lumantar putro kaneman kawistoro sengguh, mawantu wantu nyadong lumunturing sih pangapunten saking jengandiko sagung poro rawuh.                                                                      
Poro lenggah ingkang minulyo ing budi. Datan katalumpen panjenenganipun  Bopo ….. ugi  ngaturaken agunging panuwun awit paringipun sumbangsih soho pambiyantu panjengan, ingkang awujud bondho, tenogo tuwin  penggalihan, ingkang mujudaken cihnaning raos tresno jengandiko dateng kulo, sahinggo  pahargyan ing titi kalodangan puniki saged kelampahan, namung panjenenganipun Bopo….. tangeh anggenipun saged caos piwales awit saking pambiyantu jengandiko sami, namung mugi – mugi  linuberan nugroho soho rezeki ingkang sakelangkung kathah saking Alloh SWT.
Poro tamu ingkang kinurmatan, Kadang kulo ....., Dalasan keluargo nyuwun pangapunten ingkang agung, dene anggenipun nyawisaken palenggahan kirang dadosaken renaning penggalih penjenengan, lan samangke mbok bilih ingkang hamengku gati ngaturaken cihnaning raos tresno dateng penjenengan, ingkang awujud pasugatan unjukan sarto penderekipun mboten nuju prono, tuwin lumadosing pasugatan kirang trapsilo mawantu-wantu nyuwun pangapunten .
Mboten kesupen, .................. ugi  ngaturaken agunging panuwun awit sumbangsih soho pambiyantu panjengan, ingkang awujud bondho, tenogo lan penggalihan, mugi – mugi  kesaenan penjengan pikantuk lelintu ganjaran saking Alloh SWT.
katah atur soho patrap, ingkang mboten ndadosaken renaming penggalih penjenengan, saestu kanthi andhap asoring manah kulo nyuwun rumentahing pangapunten ingkang agung.
Wasono sumonggo adicoro puniki sesarengan kito kapungkasi kanthi maos  Akhamdulilah  sesarengan.
Pungkasaning atur  Wasalam mu’alaikum Wr.Wb
Matuw nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar