Sabtu, 01 Desember 2012

Pangadicoro Asrah Tampi Lamaran



Bismilahirrohmanirrohim.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Wonten ngarsanipun, Panjenengan poro pepunden, poro pinisepuh dalasan sesepuh, ingkang  ingkang pantes kulo bekteni.
Panjenenganipun poro pangemban, pangembating projo, ing ingkang satuhu pono-ing pamawas tuwin lebdo ing pitutur, ingkang  dahat kinurmatan.
Panjenenganipun Poro pangarsaning agami, poro alim ulomo, ingkang  rinten pantaran ratri  tansah hanganggit  soho mratitisaken pustoko suci, pinongko keblating panembah ingkang pantes sinudarsono.
Nun-injih, Nuhoni awit saking  keparengipun, Bopo ..... sekaliyan garwo, ing kalenggahan Puniko kulo ingkang piniji hanganthi rantamaning adicoro, pinongko pambiworo, wonten adicoro pasrah panampining panglamar, soho sarono  jangkeping toto coro salaki rabi.

Namung sakderengipun kulo hangaturaken urut menggah rantamaning adicoro, ingkang sampun rinakit dening kulowongso. langkung rumiyin sumonggo kito tansah ngaturaken pangalembono miwah panuwun kunjok ngarsa-dalem Alloh, ingkang tansah paring barokah soho rahmat dumateng kito sedoyo, sahinggo ing  kalenggahan puniko saget makempal mangunggal ing papan mriki kanthi kebak ing kabingahan, kesarasan sarto rahayu nir ing sambikolo.
             Wonten ngarsanipun poro rawuh  ingkang tansah sinubo ing akrami,  ingkang kinurmatan.
Kepareng kulo hangaturaken menggah rantamaning  adicoro  ingkang sampun rinakit.

Kaping sepisan  Kapurwakan Atur Pambuko
Kaping kalih Pangandikan Atur Pambagyoharjo yuwono. 
(samangke ingkang kepareng caos pangandikan,  Bopo .....)
Kaping tigo Pangandikan Atur lamaran, soho  sarono toto coro jangkeping salaki Rabi.
 (samangke ingkang kepareng medhar sabdo,  Bopo ...... )
Kaping sekawan Tanggap sabdo
(samangke ingkang kepareng caos pangandikan panjenengaipun Bopo ......... )
Ingkang pungkasan (petutup).
            
         Sanggyaning  poro rawuh  ingkang sinubo ing akrami,  ingkang tansah kinurmatan. Mekaten poro tamu soho poro lenggah, menggah urut reroncening titi laksito adicoro ing ri kelenggahan puniko.
Kapurwakan adicoro ingkang sepisan, injih meniko pambuko, pramilo sumonggo penjenengan sedoyo, kulo derekaken ndedongo wonten gusti ingkang murbo-ing  dumadi, supados lampahing adicoro meniko pikantuk barokah soho rahmating  Alloh. Swt.
pramilo dumateng penjenengan, ingkang ngrasuk agami sak-sanes-ipun agami Islam, pandongo kulo atur-aken dumateng panjenengan, ananging penjengan ingkang ngrasuk agami Islam, sumonggo adicoro kito purwakani kanthi maos Lafal Basmalah sesarengan.     
Mugi kanthi dongo pambuko sawau sageto handadosaken rancaging adicoro ing rikalenggahan puniki.
Panjenengan-ipun poro tamu ingkang kebak toto susilaning akrami ingkang kinurmatan,
tumuli ngancik titilaksito ingkang kaping kalih ,  atur pambagyo-harjo yuwono saking ingkang hamengku gati,  pramilo dumateng ngarsanipun Bopo Sutrisno pramilo kalodangan sarto sasananing  pangandikan kasumanggakaen.
(saksampin-ipun pangandikan rampung )
Paripurno atur pangayubagyo wilujeng,  saking Bopo ......  lumantar ......,  kulo-aturaken agunging panuwun .
Sagung Poro rawuh  ingkang  kinurmatan, ngancik adicoro ingkang kaping tigo injih puniko,   Pangandikan Panglamar soho pasrahing sarono jangkeping toto coro salaki rabi.  Pramilo dumateng Bopo ………… sasono pangadikan kasumanggak-aken.
(saksampin-ipun pangandikan rampung )
 (miturut prastowo ingkang lumampah )

                                                    Panutuping adicoro

Panjenengan-ipun poro tamu ingkang kebak toto susilaning akrami ingkang bagyo-mulyo,
Titi laksito adicoro pasrah panampining Lamaran soho  jangkeping toto-coro salaki rabi, sampun kalampahan kanthi rancag datan manggih rubedo setunggal punopo.  Amien
Pramilo sumonggo kito ngancik adicoro ingkang pungkasan nun-injih Panutup.
Namung sakderengipun adicoro puniki kito kapungkasi. Kulo ingkang kapitedhan sinaroyo hanganthi titilaksitaning adicoro, katah atur soho patrap, ingkang mboten ndadosaken renaming penggalih penjenengan, nyuwun rumentahing pangapunten ingkang agung.
Wasono sumonggo adicoro puniki sesarengan kito kapungkasi kanthi maos Khamdalah sesarengan.
Pungkasaning atur Wabilahitaufik Walhidayah Wasalam mu’alaikum Wr.Wb
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar