Sabtu, 01 Desember 2012

Sinau Boso Meniko Gampil

Sinau basa jawi menika gampil

Bismilahirohmanirrokhim
Asalammu’alaikum Wr.Wb

Sedaya puji kelawan Syukur kunjuk ngarsa dalem Alloh, ingkang murbeng dumadi awit paringipun Rochmat sarta hidayah dateng kita, sahinga kita tansah saget ngraosaken kesarasan sarta kabingahan sarta umur panjang ingkang muggunani.
Mujudaken kanugrahan menggahing donyaning kejawen bilih penjengan kersa sinau basa jawi ingkang jangkep. Istingarah hangleluri basa jawi ingkang adiluhung puniki, ingkang meh kemawon kadesek dening kabudayan saking manca negari (moderen)
Ateges kita tasih nggadahi raos handarbeki lan tanggel jawab dateng kabudayan jawi mliginipun.

Para kadang, sinau basa jawi punika, wonten mapinten-pinten perkawis ingkang kedah kita gatosaken.

  1. Pikajengan
  2. Tingkah / Trapsila
  3. Tulada saking guru lan Alam
  4. Wawasan / Pengetahuan Umum
  5. Wawasan babagan basa jawi
  6. Lagu suwanten
  7. Busana ( Ageman )

Para kadang wonten ing sinau samangke mboten wonten ingkang sinebat guru nanging mongga kita kanthi sareng sareng pados seserepan babagan basa jawi .
Nanging mbok bilih salah setunggal saking kita katuding kasuwun njlentrehaken  (Caos Piwucal ) mugi samangke sageta katampi. (mboten ateges guroni ).
Para kadang, kita nggadhahi pangajab ing papan mriki tuwuh ngrembaka MC, MC. Lan pemedhar sabda ingkang pinunjul ing tlatah mriki.
Namung perlu kawuningan, mbok bilih samangke penjenengan  sampun saget, kepara pinter, sampun ngantos kaget bilih tiyang pinter pangandikan ing pasamuan menika, samangke kathah sanget tiyang ingkang mbetahaken penjenengan.

Perlu kula jlentrehaken 7 (pitung)  bab ing nginggil.

  1. Pikajengan
Sok-sintena kemawon ingkang kepingin sinau babagan menapa kemawon kedah anggadhahi pikajengan ingkang wutuh tuwuh saking prentuling manahipun piyambak.(niat )


  1. Tingkah / Trapsila
Sedaya tingkah laku wonten ing pasrawungan menapa dene ing pasamuan ( Pahargyan ) kedah dipun gatosaken tata trapsila (kridha) jalaran soksintena ingkang wani pangandikan ing pasamuan ( Pahargyan ) mesti dipun gatosaken awon lan saenipun dening tiyang kathah.                                                                                                            2
  1. Tulodho saking  guru lan alam
Pangertosan basa lan sastra ingkang dipun pundhut saking tiyang sanes, utawi kahanan sanes lanjeng kangge ngrumpaka basa ingkang tanpa sengaja niat sinau.
      
  1. Wawasan / Pengetahuan Umum
Wonten Pangandikan mekaten mboten mligi saking guru lan buku jawi nanging  kathah sanget wawasan saking  buku lan tiyang sanes pinangka kembang – kembanging basa  alus lan luwesing pangandikan ( ngrumpaka )

  1. Wawasan Babagan basa jawi
Karono basa jawi ingkang badhe kita udi, pramila penjenengan kedah pados wawasan utawi pengertosan babagan basa jawi  umpaminipun basa Krama andhap  (ngoko) Krama Madya, Krama Inggil lan basa Kawi, sukur bage ngertos artosipun  supados pangandikan saget trep lan kapireng wijang

  1. Lagu Suwanten
Menggahing MC (pambiwara) lan Pamedharsabda mekaten kedah ngudi babagan pangolahing swanten kanthi saestu, supados medalipun swanten sekeca dipun mirengaken, kados pundi, rindhik lan raketipun, mandhap lan minggahipun, ampun ngantos kesesa. Jalaran pangolahing swanten mekaten mujudaken syarat utami menggahing tiyang pangandikan.

  1. Busana / Ageman
Busana utawi ageman, mboten kalah pentingipun kangge tiyang dados MC (pambiwara) lan Pamedhar sabda, ageman kedah dipun larasaken kaliyan adicaranipun ingkang lumampah,  supados ketingal profesional

Mugi mugi sekedhik ingkang  kula aturaken  sawau saget kangge pambukaning raos penjengan badhe ngawiti sinau sareng – sareng babagan olah basa, Olah Tata sastra, olah swanten, tata krami, tuwin Unggah ungguh. Sanajan nembe tingkatan palin andhap.(dasar)

Karono kekirangan pangertosan kula  pramilo semanten atur purwakan  ingkang saget kula aturaken wonten ngarsa penjenengan, pungkasaning atur  Jenang selo wader kali sesondheran  Apuranto yen wonten lepat kawula.
Wasalammu’alaikum waroh matullohi wabarokatuh.

2 komentar:

  1. Sinau BOSO JOWO niku gampile eram, ingkang angel niku SINAU BASA JAWA, amargi kedah paham seratan latin mawi basa Jawi. Seratan BOSO niku wonten tata tulis latin mawi basa Jawa mboten leres, ingkang leres BASA. Semanten ugi BUSONO ( leresipun BUSANA),SEDOYO(leresipun SEDAYA) lan sakpanunggile. Amargi kaslarasaken menawi kaserat mawi aksara Jawi. Pangapunten!

    BalasHapus
  2. Yth Sdr Edy S Triwida Maturnuwun sanged jengandiko sampun kepareng silaturochim wonten Blog kulo lan matur nuwun awit paringipun pangandikan, meniko satunggaling pangajeng ajeng kulo supados anggen kulo sinaubosojawi saged langkung leres lan tumoto Nuwuuuun

    BalasHapus